Sabtu, 05 Mei 2012

MENAK JINGGO


Sopo bain arep takon aran isun Menak Jinggo

Lamat-lamat semeriwing ring kuping

Nalikane isun kelayung-layung ring gendongan

Emak-Bapak sing leren-leren ngudang

Anak isun lanang satrio bagus gagak perkuso

Dadio agul-agul sun iring pujo lan puji
 
Sopo bain arep takon aran isun Menak Jinggo

Isun sing perduli asal isun teko endi

Embuh lahir nong Keraton

Embuh lahir nong gelengan

Emak-Bapak karepe wis sun turuti

Sun tancep tanggul-tanggul lan umbul-umbul

Sak ubenge tanah Blambangan

Sopo bain arep takon aran isun Menak Jinggo

Pancen ono pecake tatu ring awak isun

Peninhsete tando bahkti nang rojo Mojopahit

Ngukuhaken jejege sengker Blambangan

Sirepo geni kawah ijen

Sing arep gingsir tekadisun

Mulyakaken Blambangan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar