Jumat, 10 Februari 2012

Sang Kamaratih


semilir angin wayah wengi nggawa rasa jroning ati

rasa kang ora bisa diwedhar kanthi weninging nalar

saben-saben mung tansah kelingan

pengin tansah sesandhingan

hanut runtung reruntungan

kadya mimi lan mintuna

gandeng renteng rerentengan

pindha kamanjaya lan kamaratih

dewa dewining asmara

bebarengan sesandhingan

mecaki endahing dina-dina swarga donya

cah ayu..........

marang sliramu arah pangarasaning atiku tumuju

wanodya kang pindha dewi supraba

sekaring para dewa widhara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar